Oleh: Ali Faisal
biem.co — Kule ngeja. Sing huruf ning huruf. Sing kelimah ning kelimah. Ngederes Buku Beluk kumpulan puisi bahase Jawe Banten tulisane Kakē Rois Rinaldi puniki. Rasane boten kerase malih, banyu mate berebesan. Gusti…inget sengen, sembari ti didisi, wong tuwe gelati lingse ning rambut kule pecile, sing cangkem wong tuwe punike medal nasehat.
“Napik ngelawan ning Abaire, komo maning ning Ibunire. Ibunire sing ngegondol-gondol sangang wulan, ngelaeraken, ngurus, sesampune gede. sekuat-kuate ti titipaken ning kobong enda bise ngaji. Harepane, benjang ning Ibu-Bapanire mati, sire sing ngajekaken jasad Ibu-Bapanire”
Puisi puniki, semaceme nasehat saking wong tuwe maring pecile, saking guru maring muride, saking pemude bijak maring jamaah fakir, saking kake Rois maring kule sedanten, seumpamane sayembara makne, sinten saos sing bangkit nangkep ajaran ingdalem puniki isi puisi, mangke niku wong sing sampun antuk lan ngerasakaken nasehat kesadaran, esensi kemanusiaan lan keutamaan keberTuhanan.
Baca Juga
Tingali saos, keperipun Kakē Rois damel susunan puisi puniku, nomor siose sing diucapaken pengeran. Utawi setuhune kelakuan, boten wenten Pēngeran anging sembah kaduwe Allah, Lan kule nyaksene Nabi Muhammad utusan Allah. Nikilah awal kule sedanten bangkit tisebut wong sing ngederebeni keyakinan.
Kakē Rois, serase nanjak gunung. Khutbah sing deduhuran, ngajak-ngingetaken maring sekabeh dulur: “Napik gegabah, Pengeran puniku uning segale sing di rase, nyakseni nape sing ti pegaweni menuse, boten tebih. Wa nahnu aqrabu ilaihi min hablil warid”
Dzat sing ning pundi-pundi wentēn.
Pēdēk maring sēwiji-wiji
ngēluwihi pēdēke pēdēk
Seterase, kule sedanten ti bakte maring sebentuk ruang kesadaran qodo-qodar, ajakan supaye ngederebeni jiwe tukang parkir, napik nyerakahi: “Napē sing ucul saking tangan, kēdah ucul. sēnajan dieman-eman,” ditutup kelawan kelimah: “lan sēdantēn sing didērēbeni kulē. bisuk dipēndēt sing ngēdērēbeni”. Pelajaran tawadlu dari sebuah judul Sing Rusak Lan Sing Ucul.
Baca Juga
Nerusaken ngewace Kongang, Lēlakon, Omar, Griye Kule, Kakē Rois lagi ngebisikaken lare ati lan ketuwon kerane rusake alam, gunung, sawah laut, komo maning menuse sing tambah bebas uripe, kaye angganane uripe jejorangan. Teras malih Babad, Cinta kasih hubbul wathon minal iman bangkit ti pendet maknane saking puisi sing judule Banten: “Kulē Maring Andikē. Pertalian kausalis saling melengkapi, digambaraken sereng puniki bait: “Kulē maring andikē, ngisungi ambēkan./Andikē maring kulē, ngisungi ambekan”, pened pisan.
Karangantu puniku maju, tapi sengen. Senikimah kumuh, cepene. Niki bentuk autokritik sing bergune lamun dirungu sereng wong dohor sing cepe penguase punike: “Botēn wentēn napē-napē./Damar murub ngēdēliyēr./Umah-umah wēlit.”
Kuh senikimeh, dede kerajaan sing tergambar indalem cerite Sipēng ning Karangantu lan Karangantu. Lanjut maring Waktos Jarah, Sipēng Padbēlas Purnamē, Seba, DAHM, Abah, Ning Kotē, Ibugēde, Ear, Sēderenge Subuh, Tēmurun, Kēluwung, Hudust, Sēwiji-wiji, Sērawuhe, Pēwanti-wanti, Kinjēng, Walang, Gagak, Bibi Sēmar, Tukang Sangkrah, Gunah Adi Kitē, Ning Perbatasan, Sērngenge Lingsir, Bēwayah-wayah lan Mantuk indalem Beluk puniki, pengrase lagi ti bisiki alon-alon, perkare-perkare menuse, alam lan pengerane. Lamun disingket beluk puniki sampun layak dados salah sewiji tafsir maqashid syariáh ingdalem bahasane sing puitis ala Kakē Rois.
Akhire, waktos awal buku puniki dibuke sereng kesadaran penghambaan, pengakuan superioritas saking inferioritas. ikrar makhluk (hayawanun nathiq) maring khalik, kepasrahan saking dzat terbatas maring maha dzat tak terbatas. Lan ditutup sereng kepasrahan, akhir ning pundi setiap lelungan wenten waktose kedah mantuk.
Mantuk ingdalem pengertiane sing transenden, kang Rois kelawan apik nuntun kule sedanten nunjukaken dedalan. Ngingetaken ayat al-anám/6:32. Lamuntah urip ning dunye lan ngejar dunye, ikulah jejorangan sing ning duhur sampun ditulis Kakē Rois kelawan istilah jejorangan. Pedahal kampung akherat sing lewih pened.
Sēpērantose lēlinggaran
kēsengsēm kēlawan pepaes urip
kulē sēwadine kēdah mēlēbēt
maring griyē sēpi.
Nguculakēn wayangan
ning duhur lēmah.
Kullu nafsin dzaaikatul mauut, Dēdalan pēmugasan ngēbaktē kulē. Waktos ambēkan diaburakēn angin ning godong bidarē. Meketenlah carane Kake Rois, ngingetaken maring sekabeh kule, ngerakse sing dereng kata wong ngerakse, ngeberesi sing maler keleleran. Tembenan niki kule ngewace puisi sing ditulis ngengge bahase Jawe Banten. Lagi damel puisine saos angel, napik malih puisi ingdalem bahase Jawe Serang. Kake Rois sampun ngebktekaken sekalihe.
Ngende pangapure. (red)
Ali Faisal, Anggota Badan Pengawas Pemilu Provinsi Banten periode 2017-2022.